Pancen bener sing di omongno wong-wong iku, Jakarta okeh duite nanging yo okeh godaane. Aku tekan saiki wis rong taun setengah urip ning Jakarta. Alhamdulillah lek di itung-itung uripku termasuk kepenak. Ukurane tinimbang kuli bangunan lah. Jane aku yo kuli, aku nguli dadi tukang nulis peristiwa lan kedadean-kedadean ning seputaran jakarta.
Mulai teko maling di supermarket, dalan-dalan rusak, banjir, macet, sampai kasus-kasus korupsi wes pernah tak tulis. Tapi yo ngono, olehe aku nulis hasile koyo-koyo kurang manteb yen aku ora melu blusukan neng bab-bab sing tak tulis. ben tulisanku luweh urip, resikone kepekso yoopo yoopo aku kudu melebu melu nyampur neng abang ijone masalah opo wae sing tak tulis.
0 Tanggapan ke “Jakartaa jakarta”